Translate

Rabu, 05 November 2014

Pidato nganten lengkap

Pasrah Manten Bahasa Jawa

PASRAH PANINGSET

Assalamu’alaikum wr.wb.

Kula Nuwun,

Bpo………. sekalian hingkang winengku hing pakurmatan.

Sowan kula dipun saroyo Bpo……… kekalih,saking……… kadhawuhan matur hing ngarsa panjenengan.

Atur hingkang kapisan, Kula hangaturaken salam wilujengipun Bpo……… kekalih,mugi katur Bpo……… sekalian,sinartan pamuji mugi Bpo……… sakulawarga tansah hamanggyo suko basuki.

Hingkang kaping kalih, Kadhawuhan hangantepaken rembag ingkang sampun gumalong hanggenipun Bpo……… kekalih,badhe mundut mantu putra estri panjenengan pun Rr……… badhe kajodhokaken kalian pun Bg……… anak jaleripun Bpo……… kekalih, Hingkang punika kula kadhawuhan haningseti rembag sesambetanipun Rr……… kalian pun Bg………

Kajawi punika kula ugi kasaroyo hangaturaken Abon-Abon sawatawis minangka rerangkening paningset, mugi Bpo……… keparenga hanampi. Dene menggah kalajenganing lampah jejodhoanipun lare kekalih punika kula hamung sumonggo hing keparengipun Bpo……… sekalian.

Dene minangka pungkaning atur kula, kula nyuwun pangapunten sedaya kekirangan kula nalika kula matur saha sowan.

Sepisan malih kula nyuwun pangapunten.

Hing wasana cekap semanten atur kula,

Wassalamu’alaikum wr.wb.

Nuwun.

==================================================================

NAMPI PANINGSET

Assalamu’alaikum wr.wb.

Bpo……… hingkang winengku ing karahayon.

Kula hingkang kapiji Bpo……… kekalih, Langkung rumiyin kula hangaturaken pambagya wilujeng rawuh panjenengan sakadang.

Salajengipun kaparenga kula hanampi salam wilujengipun Bpo……… sekalian, Hingkang mangke nuli badhe kula aturaken dhumateng Bpo……… kekalih.

Kajawi hingkang punika,sadaya paring pangandika pangjenengan kados sampun cetho trawoco,

Bpo……… kekalih hangaturaken sanget agunging panuwun hawit sadaya paparingipun Bpo……… minangka Abon-Aboning paningset.

Dene menggah kalajenganing tatacara badhe dhaupipun Rr……… sarta Bg……… sampun wonten hing pamurbanipun Bpo……… kekalih.

Salajengipun kula nderek nitipaken salam wilujengipun Bpo……… kekalih mugi katur hing Bpo……… sakaliyan winwntu hing sasanti,mugi tansah rahayuo hingkang sami pinanggih.

Mugi wonteno keparingipun Bpo……… sakadang hanglajengaken lelenggahan wonten papanggihan tatacara ringkes hing………. punika ngantos dumugi sapari purnanipun.

Hing wasana kula nyuwun pangapunten hawit anggen kula hanampi rawuh panjenengan,saha kirang runtuting anggen kula matur.

Kados cekap semanten atur panampi kula,

Wassalamu’alaikum wr.wb.

Nuwun.

====================================================================

PASRAH BADHE IJAB

Assalamu’alaikum wr.wb.

Kula nuwun,

Bpo………. sekalian hingkang winengku ing pakurmatan.

Sowan kula dipun saroyo dening Bpo……… kekalih, Hingkang wigatosipun kinen hangaturaken salam wilujeng mugi katur Bpo……… sekaliyan kanthi papuji rahayu wilujeng tansah nunggil hing Bpo……… sakulawarga.

Kajawi punika kula kadhawuhan hanyowanaken putra kakungipun ingkang nami Bg……… hingkang sampun sami gumolonging nala, Mugi kaparenga kaIJAB nikahaken kalian pun Rr………. putrinipin Bpo……… sekaliyan.

Papujinipun Bpo……… kekalih mugi kalampahanipun sageto wilujeng tanpa pambeng,rahayu tanpa reridu saha kalis hing rubeda.

Hing wasana cekap semanten atur kula, kirang susila anggen kula sowan saha matur, kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum wr.wb.

Nuwun.

==================================================================

NAMPI PASRAH BADHE IJAB

Assalamu’alaikum wr.wb.

Bpo……… kula hangaturaken pambagyo wilujeng rawuh panjenengan dalah para kadang pangaraking badhe penganten.

Salam wilujengipun Bpo………. sakalian kula tampi,nuli badhe kula aturaken dhumateng Bpo………. kakalih.

Hing salajengipun kaparenga kula tampi ugi, Bg………. putra kakungipun Bpo………. sakalian.

Tumuli mangke badhe kaIJAB khabulaken kaliyan Rr………. putra estrinipun Bpo………. kakalih.

Panjenengan sakadang kaparenga kula suwun hajenengi sarta hangestreni murih rahayu wilujeng tumapaking tatacara akhad nikah punika mangke.

Salam wilujengipun Bpo……….kekalih mangke mugi katur Bpo………. sekaliyan kahiring puji rahayu.

Cekap semanten panampi kula,dene pinanggih kucuwo kula nyuwun gunging samodro pangaksama.

Wassalamu’alaiku wr.wb.

Nuwun.

=================================================================

PASRAH BADHE PANGGIH

Assalamu’alaikum wr.wb.

Kula nuwun,

Bpo………. sakalian hingkang tansah winantu hing karahayon.

Sowan kula sinaroyo Bpo………. kekalih,hingkang wigatosipun kinen hangaturaken salam wilujeng mugi katur Bpo……… sekaliyan, sinartan papuji rahayu mugi Bpo………. sakulawarga tansah hamangyo suka basuki.

Hing salajengipun kula kadhawuhan nyowanaken putra kakungipun Bpo………. nami pun Bg………. hingkang sampun hanindhakaken akhad nikah kaliyan pun Rr………. putrinipun Bpo………. sakaliyan.

Dene menggah kalampahing tatacara panggihing panganten, kula hamung sumonggo hing kaparengipun Bpo………. sakaliyan.

Makaten atur kula,pinanggih kirangipun kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu’ alaikum wr.wb.

Nuwun.

=================================================================

NAMPI BADHE PANGGIH

Assalamu’alaikum wr.wb.

Bpo………. Langkung rumiyin kula ngaturaken pambagyo wilujeng rawuh panjenengan dalah pangaraking panganten kakung.

Salam wilujengipun Bpo………. sekalian kula tampi,nili badhe katur dhateng Bpo………. kakalih.

Hing salajengipun,panganten kakung pun Bg………. kaparengna kula tampi,dene menggah kalajenganipun tatacara panggih sampun wonten hing pamurbanipun Bpo………kakalih.

Mugi wontena kaparengipun Bpo………. .Dalah sapangaraking panganten kakung lenggah paring puji pangetu mrih wilujengipun tatacara pahargyan ing wanci punika.

Salam wilujengipun Bpo………. kakalih mugi kahaturna hing Bpo………. sekaliyan kanthi papuji mugi tansah rahayu hingkang pananggih.

Makaten atur panampi kula,menawi pinanggih kuciwa kula nyuwun lubering samodro pangaksama.

Wassalamu’alaikium wr.wb.

Nuwun.

==================================================================

RT. WahYou Eka Solo

 PASRAH MANTEN NGUNDUH MANTON

Assalamu’alaikum wr.wb
Kula nuwun,Bpo………. ingkang winengku ing karahayon.
Saderengipun kula matur esthining sedya, langkung rumiyen netepi,nglenggono,ngrumaosi jejering titah uatwi umat,mboten kendhat-kendhat tansah munjukaken Puja Puji Syukur ing ngarsaning ALLAH Ingkang Murbeng Jagad,mugi peparinging Rokhmat wujud pinten-pinten raos nikmat ing antawisipun,wanci punika panjenengan kula ginanjar bagas waras kiat.

Bpo………. hingkang winengku hing suka basuki.
Sowan kula dipun saroyo Bpo………. saperlu :
1. Ngaturaken salam wilujengipun Bpo……… sekaliyan,katur Bpo………. sekaliyan.
2. Nglarapaken penganten ingkang punika sampun jangkep sajodho,awit sampun katindakaken ijab,pangih lan tatacara adat kejawen sanes-sanesipun rikala dinten………. surya kaping………. pinaringan wilujeng tanpa pambeng,rahayu tanpa reridu,yuwana widada nir ing sambekala.

Ingkang salajengipun sapunika kula pasrahaken borong hanggenipun ngendikani,mituturi,mbebolehi,ndidik,nggula wenthah mrih lestari,widada anggenipun jejodhoan sageta mbangun bale wisma ingkang sakinah,mawa’dah,warrokhmah,antuk ridhaning ALLAH Hingkang Maha Mirah,tansah rukun,atut runtut,wohing atut mugi pinaringan putra ingkang dados tetangsul langgeng tutug trah tumerah lantaran turun anggenipun bebesanan.
Cekap semanten atur kula,tumrap kiranging atur, kula sapangombyong nyuwun agunging pangaksama.

Wassalamu’alaikum wr.wb.
Nuwun.

==================================================================

PASRAH PENGANTEN KAKUNG BADHE PANGGIH

Assalamu’alaikum wr.wb

Kula nuwun,

Bpo………. hingkang winengku hing karahayon.

Saderengipun kula matur,mugi sih wilasa-wilasaning Gusti Ingkang Maha Agung tansah hamemayungana wonten hing madyaning pahargyan.

Kula hingkang kasaroyo Bpo………. sekaliyan,

Hingkang sepisan,kula kadhawuhan ngaturaken salam wilujengipun Bpo………. sekaliyan mugi katur dhumateng Bpo………. sarimbit dalasan kulawangsanipun.

Hingkang kaping kalih,kula kadhawuhan masrahaken panganten kakung hingkang hasesilih Bg………. putra saking Bpo………. sekaliyan,mugi kadhaupna kaliyan Rr………. putra putrinipun Bpo………. sekaliyan.

Gegandhengan panganten kakung sampun mangagem busananing keprabon,lampahing tatacara panggihing panganten kula sumanggakaken.

Namung atur uninga,sapari purnaning tatacara panggihing penganten,Bpo………. sarimbit dalasan kulawarga badhe mertuwi putra hingkang kapahargya wanci………. punika.

Makaten hatur pasrah kula,dene kula hingkang kadhawuhan matur,kula nglenggana kathah atur ingkang mboten damel sarjuning panggalih kula nyuwun pangapunten.

Nuwun,

Wassalamu’alaikum wr.wb.

===================================================================

NAMPI PASRAH PANGANTEN KAKUNG

Assalamu’alaikum wr.wb

Bpo………. hingkang tinanggenah hanglarapaken panganten kakung.

Kula hingkang kadhawuhan Bpo………. sekaliyan hanampi pasrah panjenengan,kalilaana kula ngaturaken salam wilujeng rawuh panjenengan,hawit kasembadaning karya,temah saget mboyong penganten kakung kanthi raharja kalising rubeda ing lampah.

Kula tampi salam wilujengipun saking Bpo………. sekaliyan,mangke badhe kula aturaken ingkang kawogan.

Ugi mboten kesupen salam wilujengipun Bpo………. sekaliyan mugi ka’aturna dhumateng Bpo………. dalasan kulawarga.

Ingkang salajengipun pasrah panjenengan penganten kakung kula tampi kanthi bingahing manah,tumuli badhe katindhakaken lampahing tatacara panggihing penganten.

Dhumateng panjenengan saha pangaraking penganten kakung,kula suwun keparenga lenggah wonten palenggahan ingkang sampun kasamekta’aken,saperlu hanjenengi wontenipun pahargyan hing wanci………. punika.

Semanten atur kula,hawit saking sedaya kalepatan kula nyuwun samodraning pangaksama.

Nuwun,

Wassalamu’alaikum wr.wb.

====================================================================

PAMBAGYA HARJA WILUJENG MANTON

Assalamu’alaikum wr.wb

Kula nuwun,

Para pinisepuh,para bapak,ibu,saha kadang sumitra sinedhahan.

Karahayon peparingipun Pangeran,satemah panjenengan kula sadaya saged pinanggih linimputan ing karaharjan.

Wajib tinanggapan hing sembah syukur trusing batos.

Salajengipun mangga,tansah nyenyuwun ing Gusti mrih nugraha peparing kang Maha Agung punika,lumastariya dados pepayung ing sapanginggil ing sadayanipun.

1. Kula nuwun,

Pambage wilujeng kula,kahaturna utawi dhumatenga para sinedhahan,sarta agunging katarimah dene panjenengan sadaya sampun kersamerlokaken hanjenengi utawi hangestreni Ijab kalajengaken panggihing penganten, Rr………. kadhup angger Bg………. ,sampun kalampahan wilujeng sepen ing sambekala.

Ingkang punika kula suwunaken tambahing pangestu utawi panjurung pepuji mugi lestariya widada jejodhohanipun penganten,runtut salajengipun atut temah tutug terah tumerah ingkang sami bebesanan,kanthi tetangsul turun tan hamastani jalu wanita punapa dene cacahipun.

Ing pangesthi momongan ing benjing,mugi mboten handadosaken ribeting balewisma.

2. Kula nuwun,

Tumrap saliring tandha tresna ingkang sampun katampi,ngaturaken sanget agunging panuwun.

Nanging panalangsaning manah,bilih anggenipun males-sih amung kasumanggakakening Pangeran Ingkang Maha Wicaksana,hangganjara wilasa ingkang langkung ing sabobot katimbang luhuring budinipun para lila-legawa ing penggalih.

Wasana tumrap kirang jangkeping suba-sitanipun ingkang hatur-hatur kersa-a halapang jaja,kanthi ngluberaken samodra gung pangaksama.

Kajawi ugi kasuwun keparenga hanglajengaken lelenggahan sarwi sesanti-sesanti RAHAYU WILUJENG WINANTU ING SUKARENA.

Nuwun,

Wassalamu’alaikum wr.wb.

=================================================================

PAMBAGYA HARJA

Kawilujengan,katentreman sih wilasa lan nugrahaning Gusti Kang Maha Kawasa,mugi tansah kapatedhakna dhumateng kula sadaya ing pahargyan.

Kula nuwun,

Assalamu’alaikum wr.wb.

Saderengipun katuraken esthining sedya,keparengna kula ndherekaken saha ndherek para tamu sadaya,mboten kendhat-kendhat munjukaken puja-puji syukur ing ngarsaning Gusti Ingkang Murbeng Jagad.

Awit peparing rakhmat,wujud pinten-pinten raos nikmat,ing antawisipun ing wanci punika panjenengan kula sadaya ginanjar bagas waras kiyat.

Para tamu kakung-putri ingkang sinuba ing pakurmatan.

Kula hingkang kasarayo Bpo………. kalilanana kula matur,

1. Ngaturaken pambagya wilujeng saha matur sanget nuwun,awit kepareng panjenengan sampun kersa rawuh ing papan pahargyan punika,mituruti-minangkani panyuwunipun Bpo………. , Milo mboten mokal rumaos suka gembiraning manah bebasan kajugrugna wukir sari kaeroban seganten madu,bombong kabegan ing kabagyan panggalihipun.

2. Matur nuwun sanget sedaya peparingipun tali asih tanda tresna ingkang awujud punapa kemawon,sampun katampi kanthi bingah katarimah ing manah,mugi dadosa ngamal kasaenan panjenengan lan angsala ganjaran ingkang murwat saking Gusti Ing Murbeng Jagad.

3. Ugi matur nuwun katur para tangga tepalih,sanak kadang,mitra sutresna ingkang paring pambiyantu,panyengkuyung arupi bahu-suku,panggalihan,eguh pratikel.rerigen lan sanes-sanesipun mrih rancak,lancar,regeng kaleksananing pahargyan punika.

Para tamu ingkang winengku suka basuki.

Kaperluan ing dinten punika kados sampun kaserat ing serat sedhahan, Bpo………. kagungan kersa hangemah-emahaken putra pawestrinipun ingkang anama Rr………. kadhaup Bg………. putranipun Bpo/Ibu………. ing………. .

Kaleksanan IJAB,panggih lan tatacara adat kejawen sanes-sanesipun awit rahating Gusti ALLAH Ingkang Maha Agung wimbuh kasembuh pudyastutinipun para tamu kakung-putri,ginanjar wilujeng tanpa pambeng,rahayu tanpa reridu,yuwana nis ing sabekala.

Salajengipun nyuwun tambahing pangestu para tamu,mugi-mugi pengenten kekalih tansah rukun,runtung-runtung rerentengan suka bagya mulya,tansah runtut atut,wohing atut pinaringan patutan putra ingkang hanung-hanindhita. (tegesipun putra hingkang sae lahir batosipun,nyenengaken tiyang sepuhipun,migunani bebrayan nusa-bangsa lan agaminipun).

Para tamu kakung-putri ingkang winantu ing suka rena.

Niyating manah lan panjangkah,tansah mbudidaya panampi kula,mugi para tamu karenan ing driya.

Ewadene kok inggih wonten kemawon kekiranganipun,wiwit atur sedhahan ingkang mboten trep asma-sesebatan,kalenggahan lan sanes-sanesipun,boja lan suba-sitanipun.

Ingkang punika kula nyuwun gunging pangapunten.

Ing wasana kula piyambak kiranging tatakrami,nalisiring kasusilan ingkang jalari kirang renaning panggalih,kasuwun halapang jaja hangluberaken agunging samodra pangaksama.

Nuwun,

Wassalamu’alaikum wr.wb.

Pranoto coro


Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.

Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kula cumanthaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula piniji hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwawahan prasaja ing ratri kalenggahan punika.

Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa Yatno sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.

Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
Eko laksitagati purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga
Dwi laksitagati rawuh & jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana wiwaha
Tri laksitagati pasrah-pinampi putra temanten kakung
Catur laksitagati dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhiwadana ingkang sampun sinengker tumunten kalajengaken upacara krobongan
Panca laksitagati nderek mangayuhbagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing sasana wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem
Sad laksitagati atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para tamu
Sapta laksitagati lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian
Hasta laksitagati sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhang pudyastawa murih widadaning bebrayan
Nawa laksitagati paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.

Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika. Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras rarasing ungeling gending

Tulodho pidato lamaran

Assalamu'alikum Wr.Wb.
panjenenganipun para sesepuh,para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten,punapa dene pengjenenganipun panjenenganipun kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdhaning akrami
Khanti pepayung budi rahayu sah hangunjukaken raos suka syukur dhumateng gusti,"mugi rahayuha sagung dumadi",tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjenengan sadaya hangkuberana dhumateng kawula
Amit oasang aliman tabik,mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik,dene kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardi kan panjenengan inngkang katemben wawan pangandikan,inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kula pinji. Minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bp............sekalihan
panjenenganipun Bp........sekalihan garwa(ingkang mengku gati) ingkang pantes katuran sangunging pakurmatan,kula pinangka sulih sarira saking panjenengenipun Bp........sekalihan,ingkang sepisan;ngaturakeun salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan,sumarambah para kulawarga samudayanipun.
Jangkep kaping kalih;ing nguni sampun wonten pirembagan,ingantawisipun Bp.......... sekalihan,hanggadhahi putra kakung kekasihpun Bg.........kaliyan Bp.........sekalihan garwa (lingkang mengku gati)hanggadhahi kenya sesilih Rr.........
Gumulonging pirembagan nedya hangraketaken balung pisah daging arenggang,bebasan ngebun-ebun enjang ajejawah sonten ndhodhok latar ndhodhog lawang sumedya nginang jambe suruhe kanthi atur makaten karena sampun jumbuh anggenipun pepetangan saha sampun manunggal cipta,rasa miwah karsa,ingkang punika saking angenging manah panjenengenipun Bp......... sekalihan,anggeniupn katampi panglamaripun pramila inng kalengahan punika ngaturaken saran miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salaki rabi
Weondene ingkang badhe kaaturaken wonten kaarsanipun Bp.......... sekalihan garwa inggih pnika;
sanggan,saha majemuk ingkang sampun wonten wujudpun,kanthi pangajabing sadya dadosa sarana sahipun sesanggeman miwahb rake ting kekadangan,saengga mboten sa'aged pisah lami-laminipun.
kasoking katresna Bp......... sekalihan garwa,ing mriki badhe ngaturaken malih ingkang awujud.................. ing pangajab pinangka agemanipun badhe/calon panganten putri.
Mboten kakilapan Bp...................sekalihan ngaturaken redana wujudpun art,keinginga darnel ngentheng-enthengi anggenipun Bp........... sekalihan garwa (ingkang mengku gati)netepi darmaning sepuh harmiwaha putra mahargya siswi. Kajawi punika panyuwunipun Bp.........sekalihan,ing benjang menawi sampun dumugi titiwanci tumapaking gati,mugi calon panganten kaijabna saha kapanggihna anut satataning agami miwah adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki.
Minangka pungkasening atur,hambok bilih Bp...........sekalihan anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kakirangannipun,mawantu-wantu nyuwun angenging samodra pangaksamisumamnten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenengenipun Bp..........sekalihan,menawi wonte gonyak ganyuking wicara miwah kiranging suba sita ingrah tatakrami,kawula nyuwn sihing samodra pangaksami.
Akhiru kalam billahi taufik wal hidayah.

Wassalamu'alaikun Wr.Wb.